Senin, Juni 15

Asmaaulhusna
No. Asma Basa Arab Jawa
1 Al Rahman الرحمن Maha Mirah
2 Ar Rahiim الرحيم Maha Asih
3 Al Malik الملك Maha Kuwasa, Maha Raja
4 Al Quddus القدوس Maha Suci
5 As Salaam السلام Maha Paring Kasantosan
6 Al Mu`min المؤمن Ingkang nJagi Rasa Aman
7 Al Muhaimin المهيمن Maha Panjaga
8 Al `Aziiz العزيز Maha Gagah
9 Al Jabbar الجبار Maha Prakosa
10 Al Mutakabbir المتكبر Maha Megah, Ingkang Kagungan Kaagengan
11 Al Khaliq الخالق Maha Pangripta
12 Al Baari` البارئ Ingkang Anglepasaken (ndamel, Mujudaken, Ngimbangaken)
13 Al Mushawwir المصور Ingkang Damel Rupa (makhluk-Ipun)
14 Al Ghaffaar الغفار Maha Pangampura
15 Al Qahhaar القهار Maha Meksa
16 Al Wahhaab الوهاب Maha Pamaring Pandum
17 Ar Razzaaq الرزاق Maha Pamaring Rejeki
18 Al Fattaah الفتاح Maha Pembuka Rahmat
19 Al `Aliim العليم Maha Pirsa (gadhah Èlmu)
20 Al Qaabidh القابض Ingkang nyupetaken (makhluk)
21 Al Baasith الباسط Yang njembaraken (makhluk)
22 Al Khaafidh الخافض Ingkang ngasoraken (makhluk)
23 Ar Raafi` الرافع Ingkang nginggilaken (makhluk)
24 Al Mu`izz المعز Ingkang mulyakaken (makhluk)
25 Al Mudzil المذل Ingkang ngrèmèhaken (makhluk)
26 Al Samii` السميع Maha Mireng
27 Al Bashiir البصير Maha Mirsani
28 Al Hakam الحكم Maha Netepaken
29 Al `Adl العدل Maha Adil
30 Al Lathiif اللطيف Maha Alus
31 Al Khabiir الخبير Maha Pirsa wewadi
32 Al Haliim الحليم Maha Panyantun
33 Al `Azhiim العظيم Maha Agung
34 Al Ghafuur الغفور Maha Pangampun
35 As Syakuur الشكور Maha Pamales Budi (Menghargai)
36 Al `Aliy العلى Maha Inggil
37 Al Kabiir الكبير Maha Ageng
38 Al Hafizh الحفيظ Maha Anjagi
39 Al Muqiit المقيت Maha Maringi Kacukupan
40 Al Hasiib الحسيب Maha Ndamel Prétangan
41 Al Jaliil الجليل Maha Mulya
42 Al Kariim الكريم Maha Pamirah
43 Ar Raqiib الرقيب Maha Ngawasi
44 Al Mujiib المجيب Maha Ngabulaken
45 Al Waasi` الواسع Maha Luas
46 Al Hakiim الحكيم Maka Wicaksana
47 Al Waduud الودود Maha Tresna
48 Al Majiid المجيد Maha Mulya
49 Al Baa`its الباعث Maha Mbangkitaken
50 As Syahiid الشهيد Maha Nyeksèni
51 Al Haqq الحق Maha Leres
52 Al Wakiil الوكيل Maha Ngreksa
53 Al Qawiyyu القوى Maha Kiat
54 Al Matiin المتين Maha Kokoh
55 Al Waliyy الولى Maha Nayungi
56 Al Hamiid الحميد Maha Pinuji
57 Al Mushii المحصى Maha Ngétang
58 Al Mubdi` المبدئ Maha Miwiti
59 Al Mu`iid المعيد Maha Mangsulaken Kagesangan
60 Al Muhyii المحيى Maha Nggesangaken
61 Al Mumiitu المميت Maha Merjaya
62 Al Hayyu الحي Maha Gesang
63 Al Qayyuum القيوم Maha Mandhiri
64 Al Waajid الواجد Maha Panemu
65 Al Maajid الماجد Maha Mulya
66 Al Wahiid الواحد Maha Esa
67 Al Ahad الاحد Maha Esa
68 As Shamad الصمد Maha Dipunbetahaken, panggénan Nyenyuwun
69 Al Qaadir القادر Maha Nemtokaken, Maha Nyeibangaken
70 Al Muqtadir المقتدر Maha Kuwaos
71 Al Muqaddim المقدم Maha Ngrumiyini
72 Al Mu`akkhir المؤخر Maha Mungkasi
73 Al Awwal الأول Maha Wiwitan
74 Al Aakhir الأخر Maha Pungkasan
75 Az Zhaahir الظاهر Maha Nyata
76 Al Baathin الباطن Maha Ghaib
77 Al Waali الوالي Maha Mrintah
78 Al Muta`aalii المتعالي Maha Inggil
79 Al Barri البر Maha Panderma
80 At Tawwaab التواب Maha Panampi Tobat
81 Al Muntaqim المنتقم Maha Panyiksa
82 Al Afuww العفو Maha Pangapunten
83 Ar Ra`uuf الرؤوف Maha Welas
84 Malikul Mulk مالك الملك Panguwaos Karajan (Jagad)
85 Dzul Jalaali Wal Ikraam ذو الجلال و الإكرام Ingkang Kagungan Kabesaran lan Kamulyan
86 Al Muqsith المقسط Maha Adil
87 Al Jamii` الجامع Maha Ngempalaken
88 Al Ghaniyy الغنى Maha Cekap
89 Al Mughnii المغنى Ingkang nyekapaken
90 Al Maani المانع Maha Nyegah
91 Ad Dhaar الضار Maha Memberi Derita
92 An Nafii` النافع Maha Maringi Manfaat
93 An Nuur النور Maha Cahya
94 Al Haadii الهادئ Maha Pamaring Pitedah
95 Al Baadii البديع Maha Pancipta
96 Al Baaqii الباقي Maha Lestari
97 Al Waarits الوارث Maha Pawaris
98 Ar Rasyiid الرشيد Maha Pandhita
99 As Shabuur الصبور Maha Sabar
ASMAAULHUSNA

Asmaaulhusna (Arab أسماء الله الحسنى alihaksara: Asma’ Allah al-Ḥusná), ing agama Islam, tegesé sangang puluh sanga (99) asmaning Gusti Allah SWT sing becik dhéwé. Wiwit mbiyèn para ngulama wis akeh mbahas lan nafsiraké asmaaulhusna iki. Sanadyan metu akèh pamikiran sing séjé-séjé prakara cacah asma iki, ana sing ngarani 132, 200, malahan 1.000 asma, nanging miturut kabèh, sing wigati dhéwé iku hakikat Dat Allah SWT sing kudhu dingertèni déning wong-wong Islam.

Asmaaulhusna iku tegesé asma-asma Gusti Allah sing becik lan agung miturut sifat-sifat Allah. Asma-asma Gusti Allah sing Agung lan mulya iku sawijining Katunggalan sing manunggal ing kaagungan lan kahébatan Gusti Allah, sing mangripta lan ngopèni saisining jagat raya.

Para ngulama nduwé panemu yèn kabeneran iku ana konsistènsi marang kabeneran liyané. Kanthi cara iki, wong muslim ora bakal gampang nulis “Allah iku …” amarga ora ana sing bisa nandhingi Allah. Pirembugan sabanjuré iku amung olah pikir manungsa kang winates. Kabèh tembung sing rumaket ing Allah kudu dimangertèni bèdané karo panggoné tembung sing lumrah digunaaké.

Para ngulama nandhesaké yèn Allah iku Pangripta lan Panguwasa alam kang fana. Samubarang kabeneran iku tuhu amung ana (lan gumantung) marang Panjenengané. Kanthi mangkono, Allah iku Maha Tan Ginapé, ananging uga Allah iku Maha Cedhak. Allah Maka Kuwasa, nanging uga Allah iku Maha Mirah lan Maha Asih. Sipat-sipat Allah kang kajarwaaké kanthi Asmaul Husna yaiku jeneng-jeneng kang becik.( SUMBER WIKIPEDIA)

panen raya tebu