Senin, Juni 15

ASMAAULHUSNA

Asmaaulhusna (Arab أسماء الله الحسنى alihaksara: Asma’ Allah al-Ḥusná), ing agama Islam, tegesé sangang puluh sanga (99) asmaning Gusti Allah SWT sing becik dhéwé. Wiwit mbiyèn para ngulama wis akeh mbahas lan nafsiraké asmaaulhusna iki. Sanadyan metu akèh pamikiran sing séjé-séjé prakara cacah asma iki, ana sing ngarani 132, 200, malahan 1.000 asma, nanging miturut kabèh, sing wigati dhéwé iku hakikat Dat Allah SWT sing kudhu dingertèni déning wong-wong Islam.

Asmaaulhusna iku tegesé asma-asma Gusti Allah sing becik lan agung miturut sifat-sifat Allah. Asma-asma Gusti Allah sing Agung lan mulya iku sawijining Katunggalan sing manunggal ing kaagungan lan kahébatan Gusti Allah, sing mangripta lan ngopèni saisining jagat raya.

Para ngulama nduwé panemu yèn kabeneran iku ana konsistènsi marang kabeneran liyané. Kanthi cara iki, wong muslim ora bakal gampang nulis “Allah iku …” amarga ora ana sing bisa nandhingi Allah. Pirembugan sabanjuré iku amung olah pikir manungsa kang winates. Kabèh tembung sing rumaket ing Allah kudu dimangertèni bèdané karo panggoné tembung sing lumrah digunaaké.

Para ngulama nandhesaké yèn Allah iku Pangripta lan Panguwasa alam kang fana. Samubarang kabeneran iku tuhu amung ana (lan gumantung) marang Panjenengané. Kanthi mangkono, Allah iku Maha Tan Ginapé, ananging uga Allah iku Maha Cedhak. Allah Maka Kuwasa, nanging uga Allah iku Maha Mirah lan Maha Asih. Sipat-sipat Allah kang kajarwaaké kanthi Asmaul Husna yaiku jeneng-jeneng kang becik.( SUMBER WIKIPEDIA)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar